PEPALI KI AGENG SELO
Ojo gawe angkuh, ojo ladak lan ojo jahil
Ojo ati serakah lan ojo celimut
Ojo buru aleman lan ojo ladak
Wong ladak pan gelis mati, Lan ojo ati ngiwo
(*)
Niyat hormat golek tsawab ujar berkah kang minulyo
Ojo sampek modo, ora keno nyelo
Luwih becik derek tindak lampah pinuji minulyo
Tembung alus ati – ati, lungguhe ojo sembrono
Seneng ayem bahagia, anak putu sak kluargo
Lamun dadi penggede, printah anak buahe
Ojo nganti keras kaku, sak seneng karepe dewe
dadiyo siro pelindung printah klawan kiri – kiro
Senengno jiwamu lan atimu, ojo salah tompo
Pitutur kang luhur, printahe agomo
Ojo simpang siur, tindak ngawur ndadekno sengsoro
Dadiyo wong agung kang minulyo, tumindak sempurno
Akhlaq bagus tumus, sabar alus noto ati mapan
Ta’at lan ngabekti, perintahe gusti
Nindakno ngibadah, netepi printah amal kang pinuji
Nyadong ridho rohmat lan syafa’at saking kanjeng nabi083845288219
Leave a Message