BANJARAN KARNO
Naliko iku Projo Manduro katon peteng ndedet jagadte kucem nglayung sarirane sang ayu kusumaning Dewi Prito yo Dyah Ayu Kunti talibroto.wus ndungkap pirang-pirang hari tan kerso dahar tan kerso ngunjuk.sanadyan sare nanging netro tanbiso rineremake.panggagas tumlawung pikiran gonjing badaniro kadyo kinobong agni.pepeting nolo durung ono obor padang jang madangi jroning penggalihe wong ayu.
"Yo jagad Dewa bathoro pranyoto ingsun keno bebendu.amargi ingsun wus kumawani nrajang pepacuhing guruku yo sang Resi Druwoso.awit nggeningsun anggulang ilmu cipto panunggal,dadine koyo mangkene.Duh Gustiiii lelakon kok ono ono wae raono rampinge"
Kembeng -kembeng waspo sabendino bantal guling kasur kang dadi konco.padaran kraos sumub kadyo umubing toya.
Enggo samangke sang Noto nimbali putro kakung sang wasudewo.
"Kulup Wasudewo,coba adimu si kunti dangunen opo sing dadi pamotahe awit wus watoro dino tan katon mijil saking gedonging sare"
Wasudewo gyo sendiko lumengser sungsembah mring sang Noto njujug korining gedong pasareane kugumo putri manduro.
"Yayi.ojo kaget aku kakangmu kang prapto".gyo manjing gedong pasarean kagyat sanaliko kori binukak katon Dewi Kunti sare akemul slimut datan biso dinangu.teko babak angunjali rawuh sang resi Druwoso sung angandiko"ingsun lepat diagung aksami,Dewi prito anandang roga wit wus wantun nerak laranganing guru.walat kang sinandang awit wihing tumindaking sang Dewi kang kurang pramono.pramilo sukertaning Sang Dewi kedah rinuwat mrih waluyo temahan jati jati temahan waluyo kalis ring ribet senteg weleking kahanan."
Sang Druwoso amais mantram kang tan biso tiniru dening proDewo opo maneh manungso.awit kadereng pangestining cipto katarimah pamintaning sang Resi kedadak ono tangising bayi kagyat kang dami ono.tangising bayi lahir lumantar karno.pramilo bayi pekik bagus pinaringan tetenger Karno basuseno yo suryatmojo.kangge njagi kwilujengane sang karno sanf resi sung pamrayogi sang bayi kedah tinitihaken baito linarung sanginggiling warih sineratan ing pegelangane sang bayi seratan asmo Karno basuseno suryatmojo.
Bayi kagulowentah sang Adiroto kusiring dipati Destrasto kanti peparap sang Radeyo.milo tan mokal Radeyo caket mring kurowo ksnggep sedulur tuwo.Radeyo yeteklu nimbo ilmu nyecepkawruh ing sokalimo den angjat siswo drning Begawan Durno.
Naliko ajhir dewoso Radeyo polokromo amboyong Dewi surtikanti pinongko garwo.awit soyo gede tanggung jawabe karno kepingin yoso papan pangenan.
Naliko samono Radeyo nggebag perang mring Ngawanggo biso ngasorake yudane sang kolo kunjono karno.pramilo radeyo kanggkat adipati bawahan Ngastino
Jroning jejodohan Radeyo pinaringan momongan paringi tetenger Warso seno warsi kusumo lan Radeyowati.
naliko jroning perang mring cempolo nglebeti sayemboro sing sopo biso manah pepetaning mprit peking ing sanduwure wit waringin bskal ginarwak ake putri Cempolo.ing rikolo iku loro lironing jemparing ngenani pepwtaning peksi dsdos rebutan arjuno lan Radeyo gyo sinapih deming Resi Durno lan diparingi uningo yen sejatine karno lan pandowo iku liyan yayah tunngil ibu.
Naliko perang suluhan wanci dalu Karno kang sembodo adamel guguring sang Gathutkoco.
KARNO kinangkat senopatjning prang tumbak bediring mungsuh panyoto gugur mbelani pretiwi pedot jangganing dening sang Arjunohttp://sundoyo.websites..co.in
- ← Live YU-AND Wayang Kulit Ki Eko Kondho Prisdianto Bersih Desa Kendalbulur Boyolangu TA
- DEWI JAHNAWI →
Leave a Message